Jumat, 26 November 2021

Materi Geguritan (Basa Jawa)


Geguritan (Puisi) 

1. Pengertian Geguritan 
    Geguritan yaiku iketaning basa kang memper syair utawa puisi.
Mula ana sing ngarani menawa geguritan iku syair utawa puisi Jawa gagrag anyar.
Menawa ing piwulangan Bahasa Indonesia geguritan uga diarani puisi.   
Geguritan iku puisi sing pirantine nganggo basa Jawa.

2. Ciri-ciri Geguritan
    Geguritan iku nduweni ciri-ciri tartamtu, yaiku
  • Ora kaiket dening pathokan kang gumathok (tidak terikat pada patokan tertentu)
  • Migunakake tembung- tembung pilihan utawa diksi (menggunakan kata kata pilihan atau diksi)
  • Cacahe larik (gatra) saben sapada (bait) ora katemtokake (setiap baris/gatra setiap bait tidak ditentukan)
  • Cacahe pada (bait) bebas (jumlahnya bait bebas tidak ada ketentuan)
  • Pungkasane larik, unine bebas (akhiran baris bunyinya bebas)
  • Isine mentes lan ngamot piwulang becik (isinya padat dan memuat ajaran baik)
  • Trakadhang nggunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra (adakalanya memakai persajakan bahasa, suara dan sastra)
  • 3. Pranatan Kanggo Mangerteni Isi Geguritan
    - Diwaca bola-bali (dibaca berulang kali)
    - Pamacane geguritan, urut sapada sapada (dalam membaca puisi, bait per bait)
    - Kudu permati saben negesi tembung (harus teliti dalam memaknai setiap kata)
    - Nemtokake apa kang dicritakake ing saben padane (menentukan apa yang diceritakan dalam setiap baitnya)
    - Nyawijekake bab-bab kang dicritakake, pamikir utawa/gagasan utama ing saben pada supaya dadi crita kang utuh lan gampang dimangerteni. (Menyendirikan bab-bab yang diceritakan, pemikiran atau gagasan utama dalam setiap satuan supaya menjadi cerita yang utuh dan mudah untuk di pahami).

    Catatan
    Pranatan tegese yaiku aturan, tatanan.
    Sapada-sapada tegese yaiku bait bait (maksute bait per bait).
    Permati tegese teliti.
    Negesi tegese menehi arti (memaknai, memberikan arti).
    Padane tegese (satuannya).
    Nyawijikake tegese ndhewekake, menyendirikan.

    Nah, iku mau materi geguritan
    MATUR SUWUN, MUGI-MUGI BERMANFAAT
    TETEP SEMANGAT!

    Jumat, 05 November 2021

    Materi Gawe Ukara Pitakon (Basa Jawa)

     Gawe Ukara Pitakon



    Ukara Pitakon, yaiku ukara sing isine pitakon utawa nakokake kedadean. Ukara pitakon kudu diwiwiti nganggo tembung sesulih pinangka pitakon, lan dipungkasani nganggo tanda pitakon (?).
    [Kalimat Tanya, yaitu kalimat yang berisi pertanyaan atau menanyakan suatu kejadian. Kalimat tanya harus diawali dengan kata tanya, dan diakhiri dengan tanda tanya (?).]

    Macem-macem tembung pitakon
    [Macam-macam kata tanya]

    1. Apa [Apa]
    2. Ing ngendi [Dimana)
    3. Kapan [Kapan]
    4. Sapa [Siapa]
    5. Geneya [Mengapa]
    6. Kepriye [Bagaimana]
    7. Ana pira/ Pira Berapa]
    Tuladha gawe ukara pitakon sing mathuk karo isine gambar bocah kudanan ing mangsa rendheng
    Contoh membuat kalimat tanya yang sesuai dengan isi gambar anak kehujanan di musim hujan


    1. Apa sing digawe bocah-bocah supaya ora kudanan?
    2. Ing mangsa apa yen ana udan riwis-riwis?
    3. Ing ngendi bocah-bocah podo kudanan?
    4. Kapan bocah kudu gawe payung?
    5. Sapa wae sing podo kudanan ing mangsa rendheng?
    6. Geneya bocah-bocah podo gawe payung?
    7. Keprie supaya bocah-bocah ora kudanan?
    8. Ana pira bocah sing gawe payung?

    Nah, iku mau carane Gawe Ukara Pitakon
    MATUR SUWUN, MUGI-MUGI BERMANFAAT
    TETEP SEMANGAT!! {=^ W ^=}